Sabtu, 04 Oktober 2014

Latihan Soal "Wawancara lan Layang"

Mapel     : Basa Jawa

1.       Wawancara sing sawatara pitakon ora disusun utawa disisyapake luwih dhisik diarani…
a.       Wawancara bebas
b.      Wawancara kapimpin
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara katutup
2.       Wawancara sing sawatara pitakone wis disusun luwih dhisik diarani…
a.       Wawancara invidual
b.      Wawancara kelompok
c.       Wawancara bebas
d.      Wawancara kapimpin
3.       Wawancara sing ora winates utawa ora kaiket diarani…
a.       Wawancara bebas
b.      Wawancara kapimpin
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara katutup
4.       Wawancara sing wangsulane winates utawa kaiket diarani…
a.       Wawancara katutup
b.      Wawancara individual
c.       Wawancara kelompok
d.      Wawancara bebas
5.       Wawancara sing ditindakne dening sawijine pewawancara klawan sawijine informan diarani…
a.       Wawancara individual
b.      Wawancara kapimpin
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara katutup
6.       Wawancara sing ditindakake dening sawetara wong (kelompok) ing sajroning wektu bebarengan diarani…
a.       Wawancara bebas
b.      Wawancara kapimpin
c.       Wawancara tinarbuka
d.      Wawancara kelompok
7.       Layang sing isine mung saperlune wae, cekak, ditulis ing dluwang/kertas sacendhake, diarani layang…
a.       Kitir
b.      Paturan
c.       Dhawuh
d.      Ulem
8.       Laying sing isine jangkep, nggunakake unggah-ungguh sing trep, kanggo bebuka, isi, panutup, tanggal, paprenahan, lan tandha tangan sarta jenenge sing ngirim, diarani laying…
a.       Lelayu
b.      Ganep
c.       Kitir
d.      Ulem
9.       Perangan laying kang nyebutake marang sapa laying ditujokake diarani…
a.       Adhangiyah
b.      Purwaka
c.       Surasa basa
d.      Wasana basa
10.   Perangan sadurunge isine laying lumrahe isi atur pambagya wilujeng diarani…
a.       Surasa basa
b.      Purwaka
c.       Titi mangsa
d.      Paprenahan
11.   Basa sing digunakake nalika ngecakake kegiatan wawancara yen priyayine sing diajak wawancara luwih sepuh becike nggunakake basa…
a.       Karma alus
b.      Karma lugu
c.       Ngoko alus
d.      Ngoko lugu
12.   Ing ngisor iki kalebu tujuane kegiatan wawancara, kajaba…
a.       Golek pawarta tumrap wong sing diajak wawancara
b.      Golek katrangan tumrap wong sing diajak wawancara
c.       Golek panemu pendapat tumrap sawijine prakara utawa kahanan
d.      Aweh pituduh utawa katrangan tumrap wong sing diajak wawancara
13.   Tujuan kegiatan wawancara manut kapreluane yaiku…
a.       Wawancara kanggo kapreluan liputan pawarta
b.      Wawancara kanggo kapreluan rekrutmen pegawe
c.       Wawancara kanggo kapreluan panaliten
d.      Wangsulan a, b, lan c bener
14.   Wawancara sing ditindakake dening para wartawan media cetak utawa elektronik kalebu wawancara kanggo…
a.       Liputan pawarta
b.      Ekrutmen pegawe
c.       Panaliten
d.      Liputan infotainment
15.   Wawancara kang ditindakake dening kepala Bagian Personalia marang sawijine calon pegawe, kalebu wawancara manut kapreluan…
a.       Liputan pawarta
b.      Ekrutmen pegawe
c.       Panaliten
d.      Liputan infotainment
16.   Ing ngisor iki kalebu tuladha tuladha tembung aran sing ora kasat mata utawa kata benda abstrak, kajaba…
a.       Kabudayan
b.      Katresnan
c.       Kapinteran
d.      Meja lan kursi
17.   Ing ngisor iki sing kalebu tuladha tembung kriya lingga yaiku…
a.       Turu
b.      Nulis
c.       Ngarang
d.      Nyapu
18.   Nalika arep nindakake kegiatan wawancara, becike netepake bab-bab kang wigati kaya ing ngisor iki, kajaba…
a.       Netepake tujuan wawancara
b.      Netepake narasumber
c.       Netepake dina lan papan kanggo wawancara
d.      Ora prelu ndhapuk sawetara/dhaftar pitakonan
19.   Tujuan kegiatan wawancara kudu ngemot bab-bab ing ngisor iki, kajaba…
a.       Tujuan kudu nyata (konkrit)
b.      Tujuan samar-samar
c.       Tujuan kudu cetha
d.      Tujuan sing ngemot bab-bab kang mligi
20.   Sing kudu ditindakake nalika arep wawancara kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…
a.       Netepake narasumber
b.      Nentokake dina lan papan kanggo wawancara
c.       Ndhapuk sawetara/dhaftar pitakonan

d.      Netepake narasumber kanthi cara dadakan (spontan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar